Jumat, 07 September 2012

tuladha pambagyaharja temanten



ATUR PAMBAGYAHARJA TEMANTEN

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Karahayon, kawilujengan miwah kamulyan mugi tansah anumrapa dhumateng kawula dalah panjenengan sami.
Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipun para sarjana sujaning budi, para priyagung pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang mitra, wredha mudha ingkang sinudarsana sumrambahipun dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, mugi pinaringna kawula hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih panjenenganipun Bapa Karta, kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang kalenggahan punika. Inggih kabekta saking mongkoging manah saha karoban ing sih panjenengan sami, panjenganipun Bapa Karta boten kuwani matur piyambak, jrih menawi boten saged kawiyosing lathi, namung kandheg wonten ing jangga, pramila lajeng anyaraya dhumateng kawula.
Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, keparenga langkung rumiyin kawula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring rahmat saha nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, mugi Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng kawula dalah panjenengan sedaya, kacihna kawula dalah panjenengan saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten dalem pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng penjenenganipun Bapa Karta, anggenipun angrankit sekar cempaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing siyang kalenggahan punika, panjenenganipun Bapa Karta ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos dumugi pari purnaning pahargyan.
Wondene menggah wigatosing gati panjenenganipun Bapa Karta hangaturi rawuh panjenengan, bilih panjenenganipun Bapa Karta hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenyaputrinipun ingkang sesilih Rara Suliyem, dhaup kaliyan Bagus Suranta, putra kakungipun Bapa Patma, ingkang pidalem ing Girimarto. Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami miwah nagari, panggih miturut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah ing mriki, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambikala. Ingkang punika Bapa Karta, mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa panjenengan sami, mugi wontena suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti dhumateng panganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan, tansah atut runtut, manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu, basuki ingkang kaesthi, enggal keparingan pituwasing patembayatan, momong putra, kanthi prajanjen Brayat Rinancang.

Pangkur, laras pelog pathet nem

Piwelingku marangsira,
Haywa lali sembah bekti mring Gusti,
Meminta pituduh luhur,
Ambangun bale wisma,
Mugi tansah ayem tentrem atut runtut,
Bagya mulya kang sinedya,
Rahayu ingkang pinanggih.

Salajengipun, kaleksanan pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang sampun paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggemanipun Bapa Karta, ingkang punika Bapa Karta ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kesaenan, supados pikantukka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.
Minangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang mboten saged anuju prana, mbok bilih wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen kula hanampi menggah rawuh panjenengan sami, mugi lumeberana sih samudra pangaksami.
Semanten ugi, kawula minangka talanging atur, tartamtu kathah kalepatan anggen kula matur, kirang arum anggen kula ngrakit basa saha tebih saking subasita, sedaya punika awit kiranging seserepan dhumateng badan kawula, pramila kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun ngapura.
Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamua’laikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar